Dening : Hardiyanti
Kaya adate, aku mulih sore, ngrampungake tugas ing ngomahe kanca. Ing ngarep gerdu, ibu lagi golek kalanjana. Dak teruske lakuku tanpa tekon. Pitik cacah lima padha mlayu wedi swara montorku. Gegerku wis pegel, setengah jam lungguh ing montor.
“Assalamu’alaikum…”
“Wa’a…..salam,” wangsulane bapak ora pati cetha nanging aku wis seneng. Dak demek tangane bapak, banjur dak ambung.
“Ibu ten pundi Pak,” pitakonku marang bapak. Ngetes.
“Nang…neng, ngendi mau. Sawah. Ahh. Sawah kidul.”
Bapak banjur dak esemi. Dak delok bapak mung ngguyu ngerti yen omongane salah lan during bias mbenerake. Bapak kang isih sarean dak tinggal salin banjur njukuk arit nusul ibu ing sanding gerdu. Ndingaren bapak ora ngurepake tivi.
“Pak, menawi badhe ngendika niku dieling-eling riyin saderenge nggih...,” kandaku marang bapak sadurunge aku metu, ing ngerepe bapak.
Pancen saben sore aku ngrewangi ibu ngaritake wedhus lan sapi. Aku wis dibagei wedhus siji supaya sregep ngarit. Karepe. Lan saiki wis manak loro. Nanging akeh-akehe sing ngarit yo mung ibu, sapa maneh. Wedhus telu karo cempe loro ing kandang kae ora bisa meneng yen mung dikandani aku durung mulih saka sekolah. Wiwit bakda asar, cangkeme mlongo, gembrat-gembret njaluk diseseli godhong. Sawise salim marang ibu, aku tekon.
“Napa Bu, sing ajeng kula rit?”
“Lha apa kana, godhong-godhongan akeh kok ndadak tekon. Kumau bapakmu lagi ngapa?” pitakone ibu.
“Bapak sek sarean. Niku wau nggih aras-arasen le njawab salame Bu. Malah kula tangleti ibu wonten pundi jawabe ten sawah, sawah kidul.”
Parupane ibu ngguyu beda, lan ngendika.
“Bapakmu kae sakjane kur kurang semangat wae. Yen duwe rasa semangat, bakal gelis mari. Masak, saben awan turu wae, ora metu ngisis, karo tangane ora tau diobahake.”
“Gek kana nyengget godhong akasiya wae nggo nggantungi mengko sore . sing nggo mengko wis ana kari makaake,” perintahe ibu.
“Siap Bu,”jawabku.
“Mengko njur ngliwet karo njangan bening.”
Aku mung ngacungi jempol. Tanda setuju. Arit dak pasang ing pucuk genter lan genter dak dekake.
Meh setaun aku ora dikancani bapak ngarit. Adate saben sore ngene iki, aku lan bapak ngarit suket bareng.aku ngeritake wedhus, bapak sapine. Sinambi ngarit, bapak menehi cangriman marang aku. Sing paling dak senengi.
“Dicokot pucuke sing kelong buntute, apa Ti?”
“Udut to Pak. Kula pun ngertos nek niku, sanese malih napa Pak?”
“Nek iki kowe mesti durung ngerti. Bongkahing bantala bareng karo patine. Arep mlebu swarga nyemplung neraka dhisik, diembel-embeli s telu. Apa kuwi?” pitakone bapak samba mesem, ngerti yen aku ora bakal bias njawab.
“Napa nggih, boten nate mireng Pak.”
“Mau jare golek sing durung ngerti.”
“Yen niku boten ngertos temenan. Boten wonten bayangan. Aku nyerah, hehe…
“Nggodog tela.”
“Kok saged?”
“Ngene lho Nduk. Bantala kuwi lemah. Yen tela dibedhol kae padha karo matine. Swarga kuwi besi, nerakane mencek sing digeneni, panas to. Sadurunge diwadhai besi digodhong dhisik ing mencek. Diembel-embeli s telu, santen, sarem lan salam supaya enak.”
“Oalah. Wau dikandani, kula nggih njawab ngoten pak. Menawi sarem niku napa pak?”
“Sarem ra ngerti. Uyah.”
Papan kang dadi sabane bapak saiki mung amben. Amben kang didelehake ing ngarep tivi. Yen aku mulih tivi wus murup, bal wus ngglinding. Bapak ana ing ngarep tivi glenak glenik dhewe nonton bal-balan.
Alhamdulillah mung kuwi kang bisa dak ucapake marang Gusti. Ora ngira bapak saiki bisa mlaku dhewe, mangan dhewe lan omong raketan isih kleru. Saiki wus bias adus ing jamban, ora kaya sepuluh taun kepungkur, nalika aku bali sekolah.
Wiwit ing dalan aku mung kelingan ngomah, kepengen gek tekan ngomah.
“Mas bapak nandi?”
“Nang sawah,” wangsulane cekak.
“Gek ngarit, selak kesoren!”
Wangsulan kang cekak saka masku dak percaya wae. Nanging saya suwe ana sing ora beres. Wis saya sore, bapak ora mulih-mulih saka sawah. Lan ibu yo lunga nandi, wiwit aku mulih ora ketok. Dak tileki ing kamare, ora ana. Dak belokake, ora nyaut.
“Mas, bapak lan ibu ki nandi to sakjane, wis sore kok durung bali?’
Masku mung meneng wae, kaya bingung apa sing arep diomongake.
“Kowe mengko aerp nang nggone pak Agos ora, bapak nang kana karo ibu barang.”
Deg.
“Ngapa?”
“Bapak tiba. Nek kowe arep nileki bapak, mengko nggawa saline ibu sisan.”
“Sakjane ana apa to Mas?”
“Ora ana apa-apa.”
Ora ana omongan liya kang gamblang lan bisa nggambarake kahanane bapak. Atiku isih kepengen ngerti akeh. Ngapa, kepiye, kapan… Karo nglempit sandangan aku mikir, ngapa ndadak gawa salin kanggo ibu yen bapak ora kena apa-apa. Lan ngapa aku ora dikandani kadadean sak tenane. Bapakku dhewe.
Mlebu kamar rumah sakit, Mawar nomer 2, rakrasa iluh tiba ana pipi. Bapak sarean ing amben mujur ngetan, ibu sing lungguh ing kursi banjur nyikep aku. Ora omong apa-apa. Wektu iku, bapak ora bisa tangi. Bapak ora bisa obah. Bapak ora bisa omong. Bapak lali karo aku. Bapak kena stroke. Kahanan rinasa sepi, mung keprungu swara tangis sesenggukan.
Seminggu bapak ana dhuwur sprey ijo ing papan cilik kae. Saben mulih sekolah aku mampir, genteni ibu sedhela yen ibu arep maem ing mburi rumah sakit. Badanne bapak sisih tengen ora bisa diobahake. Maeme mung bubur jemek kang dianakake rumah sakit.
“Nduk, kowe kudu sabar yo. Pancen pestine awake dhewe enthuk ganjaran iki. Muga-muga mung bapakmu wae sing oleh, rasah diturunake marang aku lan anak-anake. Melu ngrewangi ngrawat sing becik bapakmu iki, supaya bisa bareng, sehat karo awake dhewe maneh,” ngendikane ibu marang aku ing sawijining dina.
Ing ngomah. Saben bengi aku lan ibu ngancani bapak. Ing ngomah kidul kang jembar, bapak sarean. Ora let suwe nembung dipindah ing ngarep tivi kaya saiki. Sanadyan durung cetha omongane nanging bapak ora mandeg yen kepengen apa. Yen bapak mbutuhake wedang utawa ngelih pas bengi-bengi, aku utawa ibu kudu tangi. Persis rewang bayi. Kelingan dhek aku kira-kira umur telung taun, nalika bapak saka pasar numpak pir jawane.
“Bapak bayi… bapak bayi….” Bapak banjur menehi aku kacang bawang kang regane rongatusan rupiah jaman semono.
Dak rasakake malah kaya dadi nyata sanadyan mbiyen aku ora sengaja amarga isih celat.
Saka ngomah, ibu mlayu tumuju panggonku nyengget akasia. Kesusu-susu.
“Ti…Ti, bapakmu nandi?”
“Ten griya to Bu, wau nonton tivi.”
“Ora ana,” kandane ibu.
“Ten jamban utawa ten pawon?”
“Yo ora ana. Wis dak goleki nang ngendi-endi, ora ketemu.”
Aku lan ibu banjur mlayu tumuju gomah. Godhong akasia dak sia-siake. Pikiran wus tekan ngendi-ngendi. Gek ana pa. bapak lunga nandi. Amarga, seminggu kepungkur bapak digoleki nandi-nandi ora ketemu jebul tiba, glengsoran ing jamban. Sapa sing ora kaget yen wong lagi lara ngerti-ngerti ora ana ing papan adate.
Mengetahui,
Orang tua/ wali